Contoh Pidato Pembuka Pembawa Acara Jawa

Khadrotal kuroma’ walfudhola’ ingkang tansah kito dere’aken. Wal akhos penjenenganipun bapak …… ingkang tansah kito tenggo mau’idhoh khasanahipun. Poro bapak pamengku projo deso / dusun …… ingkang kaulo hormati. Bapak – bapak , ibu – ibu kaum muslimin – muslimat rokhimakumulloh.

Kanthi pambukanipun atur, sumonggo kito inggahaken rahos syukur dateng ngarso Alloh SWT ingkang tansah paring kanikmatan soho pitedah sak hinggo kanthi peparingipun, wonten saat puniko kito pinaringan panjang yuswo, sehat jasmani lan rohani saget netepi kewajibanipun tiyang islam arubi tolabul ilmi, pramilo nikmat ingkang kito tampi puniko sumonggo kito ekroraken wonten lesan mawi pangucapan “alkahmdulillahirobbil’alamin” mugi – mugi gusti Alloh kersoho nampi syukur kito soho ngimbeti kanikmatan ingkang langkung kathah, lan anggen kito ngahos pinaringan ngelmu ingkang manfaat, barokah maslkhah fiddina waddunya wal akhiroh. Allohumma amin yaa robbal alamin
Rohmat salam saking gusti Alloh mugi tetep dateng gusti panutan kito nabi agung Muhamad SAW ingkang panjenenganipun dados rohmatal lil’alamin soho ingkang kito gadang – gadang syafaatipun awit kito gesang ing alam dunyo ngantos dumugi alam akherat.
Sak lajengipun ing mriki kaulo matur ing ngarso panjenenganipun sami mboten ateges kaulo ngirangi susilo, anamung awratipun jejibahan ingkang kaparingaken dating kaulo ingkang supados nderekaken lampahipun titilaksono pengaosan dalam rangka …… ing ndalu / siang puniko. Pramilo kaulo bade mahos saken rerantamanipun acoro ingkan bade lumampah sak lebetipun pengaosan sak mangkeh :

( dibaca susunan acara setelah selesai kemudian : )
semanten menggah rerantamanipun titi laksono ngkang bade katindak aken sak lebetipun pengahosan ing wekdal ndalu / siang puniko

bapak – bapak ibu – ibu kaum muslimin muslimat ingkang minulyo. Ngengeti wekdal ingkang sampun sak antawis soho kathahipun acoro ingkang bade lumampah pramilo sumonggo kito milahi pengahosan puniko mawi wahosan ummul kitab kanthi kaulo derekaen
الى حضرة النبي المصطفىمحمد صلىالله عليه وسلم وعلىاله واصحا به اجمعين الفاتحة …
Semanten menggah wahosan ummul kitab mugi – mugi barokahipun wahosan kasebat saget ndadosno lancaripun pengahosan ing wekdal puniko.
Menggah titi laksono sak lajengipun inggih puniko :
( setelah selesai pembacaan ayat Al qur’an lalu membaca )
صدق الله العظيم وصدق رسوله الكريم ونحن على ذلك من الشا هدين والحمد لله رب العا لمين
Semanten menggah wahosan ayat – ayat Al qur’an, mugi – mugi kanthi wahosan kasebat gusti Alloh maringono berkah gesang kito tansah nderek printahipun ingkang kasebat ing Al qur’an, Allohuma amin
Acara sak lajengipun inggih puniko ……
( Lanjutkan hingga pada acara doa ) ( jangan ditutup sebelum selesai bacaan doa )